Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

Candrane Alam

19.5.11
Candrane Alam utawi mongso bilih sampun dipunmangertosi, ananging lanngkung sae malih kawula serat wonten mriki :

Candrane alam(mangsa)

  1. Mangsa Kasa : Satya murco soko ing embanan.Tundane :kekoyo podo brindil,gegodongan pada gogrok(22juni-1agustus)41 dino 
  2. Mangsa Karo : Bantala rengka.Tundane:lemah pada nelo(2agts-24agts)23 dino. 
  3. Mangsa Katelu : Suta manut ing bapa.Tuladhane:lung-lungan padha mrambat ing lanjarane/uwi,gadung lsp.(25agts-17sept)24 dina. 
  4. Mangsa Kapat : Waspa kumembeng jroning kalbu.Tundane:sumber padha pepet(18sept-12oktb)24 dina 
  5. Mangsa Kalima : Pancuran emas sumawur ing jagad raya.Tundane:wiwit ana udan(13oktb-8nopb)27 dina. 
  6. Mangsa Kanem : Rasa mulya kasucian.Tundane:woh-wohan padha nedheng-nedenge mateng(9nop-2des)42 dina. 
  7. Mangsa Kapitu : Wisa kentir ing maruta.Tundane:akeh lelara udan deres ngrejeh(22des-2feb)43 dina. 
  8. Mangsa Kawolu : Anjrah jroning kayun.Tundane:kucing padha gandhik(3fep-28/29feb)26/27 dina. 
  9. Mangsa Kasanga : Wedaring wacana mulya.Tundhane:gangsir padha ngentir,gareng padha ngareng(1mart-25mart)25 dina. 
  10. Mangsa Kasepuluh : Godhong mineb jroning kalbu.Tundane:kewan padha meteng(26mart-18aprl)24 dina. 
  11. Mangsa Destha : Tundane:manuk padha glogoh(19aprl-11mei)23 dina. 
  12. Mangsa Sadha : Mangsa mbediding/adem(12mei-21juni)41 dina. 
 Mugi-mugi paring manpangat...^^

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....