Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

Neptune Dino Jowo

19.5.11

NEPTUNE DINO :
Senin : 4
Seloso : 3
Rebu : 7
Kemis : 8
Jum'ah : 6
Sabtu : 9
Ahad : 5


NEPTU PASARAN :
Legi : 5
Paing : 9
Pon : 7
Wage : 4
Kliwon : 8


BAB PETUNG 1_A
Wetone penganten lanang wadon,neptune dina lan pasaran ditambah banjur dibagi 4,turah pira,
yen turah:
1.Gentho,larang anak
2.Gembili,sugih anak
3.Sri,sugih rejeki
4.Punggel,mati siji 


KET:
Saumpama wetone penganten lanang,Jum'ah Pon,neptune 6 lan 7=13. Penganten wadon Kemis Paing neptune 8 lan 9=17. Gunggung 13 lan 17=30. Kabagi 4-4 turah 2,tiba gembili,sugih anak. Iku becik.

PETUNG B
Wetone panganten lanang wadon

ahad lan ahad, kerep lara
ahad lan senen, sugih lara
ahad lan selasa, melarat
ahad lan rebo, yuwana
ahad lan kemis, padu
ahad lan jum'at, yuwana
ahad lan sabtu, mlarat
Senin lan senen, ala
Senin lan selasa, yuwana
Senin lan Rebo, anake wadon
Senin lan kemis, disihi wong
Senin lan Jum'at, yuwana
Senin lan Sabtu, brekat
Selasa lan selasa, ala
Selasa lan Rebo, sugih
Selasa lan Kemis, sugih
Selasa lan Jum'at, pegat
Selasa lan Setu, kerep padu
Rebo lan Rebo, ala
Rebo lan Kemis, yuwana
Rebo lan Jum'at, yuwana
Rebo lan Setu, becik
Kemis lan Kemis, yuwana
Kemis lan Jum'at,yuwana
Kemis lan Setu, pegat
Jum'at lan Jum'at, mlarat
Jum'at lan Setu, cilaka
Setu lan Setu, ala

5 komentar:

  1. adhimas dangu mboten pinanggih menika kula mampir pados suguhan mbok menawi dipun suguh, pripun.... rak nggih sami wilujeng ta!? anggenipun ngeket-eket viol pun "wangun" dereng, menawi sampun ...mangga trus ndamel kroncong malih, idhep-idhep mboten sare sonten...

    BalasHapus
  2. Matur suwun, kangem referensi..

    BalasHapus
  3. petungan dino nopo wonten rangkepanipon

    BalasHapus
  4. Kagge jejohan tegang doso

    BalasHapus

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....