Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

Font Aksara Jawi

3.5.09
Menawi badhe nyerat aksara jawi wonten komputer, sampun wonten aksaranipun (mbok bilih sampun mangertos sakderengipun). Mas Teguh Budi Sayoga 2005, ndamel aksara jawi ingkang saged di agem wonten Microsoft Word, Notepad, Photoshop, lsp. Tuladhanipun wonten ngandhap :



Aksara menika dipunlebetaken wonten program Pallawa saengga saged ngasilaken teks ingkang sampun ‘berstandar ANSI’. Ateges saged mlampah wonten Sistem Operasi Windows program menapa kemawon .

Caranipun ‘nginstall’ kados ngandhap menika :

1. Explorer à padosi wonten pundi folder simpenan font hanacarakanipun panjenengan ingkang sampun dipun undhuh. Menawi dereng ngundhuh, klik MRIKI.
2. Kopi File Hanacaraka Sanskrit, Hanaj_0, lsp. (ingkang ‘ekstensinipun’ TTF)

3. ‘Paste’ wonten C:\WINDOWS\Fonts

4. Mangke wonten ‘proses instalasi font’ . Panjenengan tengga ngantos komplit.
5. Font hanacaraka sampun saged dipun agem.

Panjenengan kedah latihan rumiyin supados saged lancer anggenipun nyerat aksara menika. Sedaya pitulung utawi cara-caranipun wonten menu program pallawa.

Ngundhuh Fonts Hanacaraka klik MRIKI mawon. Utawi saged klik gambar wonten ‘sidebar’ sisih tengen menika.

Maturnuwun ...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....