Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

Primbon Jawi Jangkep

30.4.09
"Mas, njenengan asmane sinten, lairipun dinten menapa ?. Mangke saged kula padosaken dinten ingkang sae kangge menapa kemawon. Sanesipun, menawi bilih kersa nyuwun pirsa anggenipun mlampah sakbibaripun krama kaliyan kusumaning ati nggih saged miturut petungan jawi," aturipun Mas-aripp.

Mas-e mangsuli,"Kula menika ajeng pados jodho, Mas." Mas-aripp matur malih,"O, menawi mekaten nggih saged, Mas. Tenang mawon, mboten sah dhateng pundi-pundi. Wonten mriki cekap lhe. Urusan jodho menika gampil menawi sampun ketemu. Lha ketemu sinten??? Nggih ketemu kula.hehe ... Njenengan kula caosi pirsa. Menika wonten software primbon jawi ingkang sampun langkung sae kangge pados menapa kemawon. Salajengipun kantun panjenengan piyambak. Sampun to, pokoke joss gandhozz. hehe.."

Primbon jawi menika dipun damel dening mas Johan Wijanarko, SE.Akt., saged nyaosi pirsa panjenengan perkawis maneka warni kados sifat, laku, rejeki, jodho, lan sapanunggalanipun. Langkung praktis, mboten repot 'molak-malik' halaman, cepet tur babar anggenipun njlentrehaken, mboten nyuwun 'kapasitas' ageng lan saged 'melestarikan lingkungan' amargi mboten ngangge kertas malih.

Ngundhuhipun wonten MRIKI utawi klik mawon gambar ngandhap.



Mugi paring manpangat ...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....