Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

5 Alesan Ngapa Cah Enom Wegah Nonton Wayang !!

30.4.09

Saiki wis ora dadi cerita maneh perkara wayang ki wis ra dadi tontonan sing menarik kanggone cah enom. Mosok arep ninggalake tinggalane Sunan Kalijaga sing dadi sesepuh jawa to?. Jaman saya maju ning budaya keteter ana mburi. Negara maju sing lali karo budayane dadi ora suwe puncak kajayane trus ambruk! ( halah..po iyo…^_^? ).

Wis langsung wae, alesane ngapa wadya bala kaneman wegah utawa males nonton wayang, kaya mangisor iki :

1.Mboseni
Wayang sing ceritane dijipuk saka cerita-cerita bharatayuda utawa Ramayana pancen akeh lakone, rumit lan gawe ora jenak le ngrungokake. Trus sing dipentasne yo mung kuwi-kuwi wae (seputar Bharatayudha lan Ramayana) ora ana perkembangan liyane.


2.Pagelarane Suwe
Biasane nek pagelaran wayang kuwi dipentasake sewengi nutuk, dadine yo suwe tenan. Ora kaya film ‘Box Office’ sing mung 2-3 jam. Sing ora kuat melek-melek bengi ya kelakon ngimpi mbuh tekan India-ne sisan kana…

3.Sindene Tuwa-tuwa
Nek sing nonton cah enom ki biasane ya golek penyanyi sing sak barakan karo deweke. Lha nek sindene (nyuwun pangapunten) yuswa tigang dasa langkung lak nggih pun ‘tante-tante’ to, Wo?? sing isih pitulas tahunan ya arang, padahal sing digoleki ya sing kuwi.

4.Ora Gaul
Gandheng cerita bharatayudha lan ramayana kuwi kedadeyane saka jaman semana, ya mesti wae durung ana tivi utawa radio. Apa maneh gadget-gadget sing pating crenthel ana ing awake cah enom-nom saiki. Gadgete ya mesti wae ‘Gadget Rujak Polo’ utawa ‘Gadget Alugara’ utawa maneh ‘Gadget Pasopati’.hehe... Ning mbiyen nek nggawa ‘Gadget Rujak Polo” ya wis gaul lho ....( ^_^ ?)

5.Ora Mudeng Bahasane (wah, parah .. lolzz)
Sing keri dewe iki sing paling marai cah enom-nom saiki wegah nek di kon nonton wayang. Ning ora gelem ngakoni. Kaya sing nulis artikel iki ya isih kangelan ‘memahami’ basa jawa kawi sing biasane dienggo Pak Dhalang. Jane nek basane kuwi kaya basa sing dienggo nulis artikel iki ya mudeng. Masalahe ora ana kebiasaan nganggo basa jawa kawi pas neng pergaulan tur ya penake nganggo basa sing ngene iki kok. Yo ora, para kanca ??

Jane ki nek wayang ‘dikemas’ dadi pagelaran sing simple trus ora ngorot-orot duit kanggo cah enom-nom pisan-pindho lak ya rapopo to, Wo? Ning ya ora terus sing miturut pakem diilangake. Justru malah ‘mendukung’! lha piye?? Ya gandheng sing nom alesane kaya sing nduwur kuwi mau, digawe wae wayang bharatayudha apa ramayana sing praktis, cepet, sindene enum-enum, bahasane simple, kaya wayang tenan. Dadine mengko TERTARIK anggone nonton wayang sing sejatine kuwi kepiye, gelem lan malah bisa melu mbantu supaya wayang ora karem ana ing jaman globalisasi!

Cekap semanten mugi-mugi manpangat .....

3 komentar:

  1. apik apik, tapi bosone kok boso kromo, rodok mikir abot ki... mengko nek ono wektu tak terjemahke nang boso jowo tak tulis neng nggonku entuk yo pak, iki blogge lagi digawe...

    BalasHapus
  2. lakone yen isa kudu disesuwekne karo mangsa saiki dadi cocok karo karepe wong kabeh, matur sembah nuwun

    BalasHapus
  3. lha iya ta...... cah enom njaluke sindhene enom-enom.... arep enom-enom piye lha wong sing enom wae wegah ajar sindhen..... baaat tobat

    BalasHapus

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....