Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

Nyerat Aksara Jawi

3.5.09
Aksara jawi wonten ing dinten menika sampun mboten kerep malih dipun agem kangge nyerat menapa kemawon. Senajan to mboten asring malih kaliyan aksaranipun, kula panjenengan racakipun (ngapunten) sampun mboten saged nyerat ngangge aksara jawi.Nggih mboten, Pakdhe ??

Langkung-langkung para wadya kaneman kathah-kathah sakmenika panjenengan kengken supados nulis naminipun piyambak ngangge aksara jawi, limrahipun inggih mboten saged saestu. Lha biasanipun menawi nyerat ngangge aksara latin, lajeng dikengken kados mekaten.

Wonten ing Sekolah Dasar kaliyan Sekolah Menengah Pertama rumiyin inggih gurunipun kula paring piwulang perkawis aksara jawi. Ananging menawi mboten dipun sinau malih lan mboten dipun agem latihan, mangke nyerat aksara jawi dados salah satunggaling perkawis ingkang awrat sanget.

Monggo kula panjenengan sampun ngantos nglalekaken aksara jawi. Menika rak inggih kalebet kabudayan jawi ingkang kedah tansah dipun lestarekaken. Nggih Pak Lik nggih??

Menawi kersa ngundhuh Font aksara jawi kangge latihan, klik mawon link menika. Sumangga.........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....