Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

'Gresek' Dollar

20.5.09
Kados pundi menawi panjenengan gadah kepinginan ajeng pados arta dollar saking internet?

Sakmenika sampun kathah sanget program saking internet ingkang nawaraken pados dollar. Kadosta program PPC, PTC, review, PPR, Taking Survey, affiliasi, Sade Ebook, Pasar Valas lan sanesipun.

Ingkang wigatos, program kaserat nginggil menika saged dipun lampahi wonten dalemipun panjenengan. Dados mboten sah kangelan anggenipun 'gresek' dollar menika. Namung mbetahaken komputer, kaliyan piranti kangge 'akses' internet. Ingkang mboten nyambut damel wonten panasan lan ngangge tenaga, pados dollar kanthi cara menika mboten sah dipun penggalih.

Semanten ugi kula ingkang sampun nyobi bilih pados arta kanthi cara menika 'relatif' gampil. Mboten medal tenaga namung pikiran 'terkuras'. Sinambi lelenggahan selonjor, nyruput kopi, ngrahapi sakwontenipun, nglecis, wah jan uenak tenaan...

Ingkang kepincut monggo sesarengan kula pados arta dollar liwat internet. Halal lan mboten ndadosaken tiyang sanes rugi. Maturnuwun ...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....