Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

Aksara Jawi Dugi Thailand ??

30.4.09

Aksara jawi miturut rencang kula saking negri Pattaya Thailand, dipun serat dhateng prasasti wonten mrika. Ateges sampun wiyar anggenipun kerajaan Majapahit 'ekspansi' ngantos wilayah luar Indonesia lajeng ngasta aksara hasil kabudayan jawi. Bukti tinggalanipun inggih prasasti menika.

Rikala taksih ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur, tepang kaliyan salah satunggaling mahasiswa saking pattaya. Piyambakipun sanjang menawi sak cerak dalemipun wonten tulisan peninggalan sejarah ingkang kados-kados sami utawi 'mirip' namung benten kaliyan tulisan huruf Thailand/ Tiengvet.
Raos penasaranipun sampun dipun jawab rikala ngangsu kawruh wonten ing kutha Sala sareng kaliyan kula. "Ooo..tibake tulisane cedak nggonaku kae saka Jawa kene to?" sanjange."Hiya mestine. Lha wong di gawa Patih Gajah Mada karo para prajurit saka Majapahit pas 'dolan' rana. hehe..." kula mangsuli.

Rencang kula menika sampun nate mbeta majalah tiyang nem-neman utawi 'majalah gaul' saking Thailand ingkang kaserat ngangge tulisan Thailand/Tiengvet. Gandheng kula mboten saged maos, kula kengken piyambakipun maos lajeng nerjemahne sepindah. Lah ...menawi wonten Jawa menika mboten wonten 'majalah gaul' kaserat ngangge tulisan jawa. Lha wadya kanemanipun mboten saged maos aksara jawi kanthi lancar je.... Ironis sanget menawi wadya kaneman Indonesia khususipun Jawi purun dados negari maju ananging 'nglalekake' salah satunggaling kabudayanipun inggih menika AKSARA JAWI !!

Amargi sampun kawentar wonten tlatah ingkang tebih, aksara jawi kedah dipun sinau saperlu lestari ing jaman milenia menika. Supados mboten kesupen anggenipun nulis aksara jawi >>link, panjenengan saged ngundhuh aksara menika wonten mriki >> link. Setunggal paket wonten 'Font Hanacaraka, Hanacaraka JG, Jawa Palsu, kaliyan Hanacaraka Sanskrit'. Monggo dipun 'instal' sesarengan ......

Mugi-mugi paring manpangat.....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....