Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

Apa Kuwi Blog Djawisedjati ?

30.4.09
Nek nyawang blogku iki kaya-kaya ra sepiroa tinimbang blog-e kanca-kanca. Lha wong ya lagi blog anyaran tur ‘background’-e sing duwe dudu saka akademi computer. Ning ya lumayan tinimbang bok jedheg ra isa ngapa-ngapa. Blog iki tak nggo ‘posting’ bab apa wae sing penting ijik ana hubungane karo kabudayan jawa. Nek kiro-kiro ra ana hubungane, ya sing penting pengantare karo basa jawa. hehe…

Blog iki kanggo kanca-kanca sing mudeng basa jawa ben ana ‘variasi bahasa pengantar’. Biasane blog-blog neng Indonesia kene ditulis nganggo basa Inggris karo Indonesia, kaya blogku liyane; mas-aripp >>link karo tentang penelitian >> link . Jane yo ana sing gelem nulis ngaggo basa jawa, ning sithik. Dadi kekarepanku nulis blog ngaggo basa jawa ki karo sisan melu nguri-uri basa jawa khususe karo kabudayan jawa umume. Bgono lho, Pakdhe.....

Dadine nek aku nulis artikel nganggo basa jawa ya muga-muga blog-blog sing pengantare ngaggo basa jawa isa terus diminati lan saya akeh bocah-bocah utawa enom-enoman sing tertarik gawe blog basa jawa. Gaul ora gaptek karo ‘teknologi blogging’ ning ora lali karo budayane dewe. Sapa ngerti entuk rahayuning Gusti (ning iki ora ngejipke lho ...hehe..). Sing ora kalah penting yaiku isa nyalurake hobi nulis kanthi media sing ora saben uwong iso ngerti apa maneh isa. Nilai plus tersendiri to, Lur ..Sedulur ....

Mugi blog menika saged dipun tampi kaliyan 'komunitas' jawi khususipun ...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....