Sugeng Rawuh Kagem Panjenengan Sami.. Maturnuwun Sampun Kerso Pinarak Wonten Blog Kawula ....

Recent Posts

Hello...

Category3

Basa Jawi Ngoko

3.5.09

Basa jawa ngoko kaperang dadi loro. Basa Ngoko-lugu karo Ngoko-andhap.

Basa jawa Ngoko lugu iku basa jawa sing tembunge ngoko, ora ana tembunge karma utawa karma inggil tumrap wong sing di ajak guneman. Dene yen ana tembunge Krama inggil mung tumrap marang wong sing digunem.

Sapa kang isa dijak guneman karo basa jawa ngoko lugu ?. Kabeh-kabehane isa, ning sing :
1. Sapadha-padha utawa kancane sing wis kulina banget.
2. Luwih enom utawa umurane sak ngisore.
3. Lagi ngunandika.
4. Durung isa guneman ganep utawa komplit. Kayata bocah ciik sing lagi ajar ngomong.
5. Sing ora isa guneman karo basa liyane. Kayata R.Bratasena.

Tuladha : Iki ana salah sawijining blog sing basa pengantare karo basa inggris. Jenenge mas-aripp blog. Blog iki digawe supaya isa mbiasakake maca, lan gawe tambah mudeng basa inggris.

Ewadene basa jawa Ngoko andhap iku basa kang alus sarta luwih ngajeni. Wujude ngoko andhap yaiku basa ngoko kecampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur karo basa krama sawetara.

Sing isa diajak guneman yaiku :
1. Bojone priyayi marang sing lanang.
2. Priyayi marang priyayi sing wis akrab tur kulina ngoko-ngokonan.
3. Sedulur tuwa marang sedulu enom sing luwih dhuwur derajade.

Basa ngoko andhap kaperang dadi :
1. Antya-basa : wujude mung tembung ngoko lan krama inggil.
Tuladha : Dik, aku nyuwun ngampil kagungane dienggo rong dina ya?

2. Basa-antya : wujude tembung ngoko, krama inggil lan krama.
Tuladha : Mas, aku ora isa nyaosi apa-apa marang panjenengan, kajaba mung isa nderek bungah nek wingi kae panjenengan ulang tahun.

Dhuwur mau tuladha ‘kekayaan’ budaya jawa bab basa. Basa liyane kayata basa Madya, Krama, lan basa Kedhaton dijlentrehne ana tulisan liyane. Matur nuwun ...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Saran, kritik, utawi 'opini' panjenengan kula tampi kangge handadosaken blog menika supados mlampah kanthi langkung sae ....